TAMU ( Cerkak Bahasa Jawa )



TAMU
Yu Jinem          : “nderek bingah nggeh pak dene mbak arbaniah pun ajeng palakrami”. Ature Yu Jinem, makelar daging sapi lan bumbon ing pasar wage.
Pak Bagyo       : “matur nuwun mbak yu. Nyuwun pangestuke mawon mugi wilujeng samudya nipun “.
Yu Jinem          : “wah… jan panjenengan niki bejo sanget. Dereng dangu lulus SMA putrine pun emah-emah nderek bingah lan nderek memuji pak”.
Pak Bagyo       : ”sepindhan malih matur nuwun mbak yu. Tinimbang bocah namung ubyak ubyuk ngaler ngidul mboten cetha tujuwa nipun mila lajeng kulo nikah aken mawon kajenge sami ajar prihatos”.
Yu jinem            :”nggih .ngaten niku klebet pamanggih sae.lha kangge pahargyan niku ajeng nyembelih sapi piyambak nopo tumbas daginge mawon teng peken?’”.
Pak Bagyo         :”kulo kok kirang wawasan .gek artane nggih mung pas pasan.saene pripun?”.
Yu Jinem          :”manut pengalaman, langkung sae mundhut daging kemawon pak mboten ribet lan panjenengan langsung nampi daging ingkang sae. Nyembelih lembu piyambak niku sok malah ribet menawi tumbas daging rakpun ngertos barange. Reginepun nggih miring, niku yen panjenengan kersa mundhut wonten kios daging sapi Amanah kagungane juragan Tumirah”.
Pak Bagyo       :”emmm… yen tumbas ngoten niku nopo kedah bayar ngajeng, mbak yu ?”.
Yu Jinem          :”mboten. Cekap paring panjer satunggal yuto, sedoyo kebetahan dipun cekapi. Ajengo pesen setengah kwintal mesthi di sanggupi. Ampun kuwatos, menawi panjenengan pidhatos kersanipun kulo ingkang ngurus aken. Panjenengan mboten sisah report-repot tindak mriko”.
Pak Bagyo       :”nggih mbak yu. Malah keleresan kulo pasrah panjenengan mawon. Niki artos setunggal yuto kangge pangiket, ”pangandikane Pak Bagyo karo ngrogoh sak lan meneh ake dhuit marang tamune sing gadhes luwes kuwi.
Yu Jinem          :” lajeng tumbas bumbon-bumbon sisan napa mboten pak?”.
Pak Bagyo       :” kados ipun keluwarga nggih dereng rembagan bab bumbon.”
Yu Jinem          :” tinimbang panjenengan ribet, mangke kulo pados aken sekalihan. Mesisan nggen kulo mlampah. Pesen bumbon wonten kios ipun Bu Maimunah kulo jamin langkung mirah, tur barokah. Mboten sisah mbayar ngajeng, cekap arta setunggal yuta sedaya beres. Pripun pak?”.
Pak Bagyo       :” nggih sekalihan mawon menawi ngaten, bab bumbon napa sing ajeng di tumbas kulo aturi rembagan kalihan tiyang wingking. Niki panjenengan kula sukani arta setunggal yuta malih.”
Yu Jinem          :” matur nuwun pak. Mbenjing kemawon kula tak rembagan kalihan ingkang garwa.”
Pak Bagyo       :” sumonggo.”
Telung dina  sawise tekane Yu Jinem, Pak Bagyo ketekan maneh tamu kang pawakane dhuwur,rambut gondrong, raine klimis jenenge Surbakti.
Surbakti           :” ngaten pak. Yen panjenengan pesen serat ulem wonten panggenan kula, mangke pun
Kula pados aken nami-nami komplit sagelar akademikipun. Dados mboten badhe klentu SH kok diserat SE, MM malah dados M.Ber. Alamat tamu-tamu sawilayah mriki nggih wonten. Saha menawi kersa tenaga ingkang badhe nyebar ulem kala wau ugi sumadhiya. Pokok ipun panjenengan mboten sisah ribet , cekap lenggah sekeca, dhahar eco, serat ulem sampun dipun sebar tim kula dumugi alamat ingkang dipun tuju. Nuwun sewu, tamu undangan kinten-kinten pinten, pak?” pitakone Surbakti.

Pak Bagyo       :” mboten kathah mas Sur, kirang langkung tigang ewu.”

Surbakti           :” sedaya badhe kula layani. Setunggal ewu, tigang ewu, utawi ngantos gangsal ewu, kula sagah nyithak lan nyebaraken ulem kala wau. Terop, tenda, sound system, bolo pecah ugi sumadhiya. Para bebahu kula tansah nyambut damel kanthi professional, pak.”

Pak Bagyo       :” lha napa kedhah bayar ngajeng prabeyanipun sedya kebetahan kala wau?”

Surbakti           :”yen wonten langkung sae. Yen dereng wonten arta, nggih cekap dp rumiyen.”

Pak Bagyo       :” pinten?”

Surbakti           :”kaleh yuta cekap pak.”

Pak Bagyo       :” nggih, yen ngoten kula pasrah bongkokan dhumateng panjenengan.”

Surbakti           :” lha rak ngoten, niku langkung prayogi.”

Ora suwe sawise Surbakti pamitan, Pak Bagyo nampa maneh tamu kang tekane uga nggembol
Esem. Omongane renyah, raine padhang. Tekane tamu kang aran Joni iku jebul nawakake foto, video shooting penganten, dekorasi pawiwahan, sak pranata cara komplit. Kanthi fasilitas sing maremke ati, lan ora perlu mbayar anar ngarep, promosi iku di tampa Pak Bagyo kanthi suka renaning driya. Joni njaluk persekot dhisik, Pak Bagyo ora kabotan. Rasane pancen sarwa kepenak lan praktis.

            Sawise meh kabeh kebutuhan wis kecukupan, Pak Bagyo ketekan kanca kenthel tunggal guru sing jenenge Drajad. Tekane Drajad mung arep mertakake mungguh kabeh persiapan sing wis ditindakake kanggo mahargya dhaupe ponang pinanganten.

Drajad             :” Piye Mas? Apa persiapane wis beres?”

Pak Bagyo       :” Daging sapi, bumbon, ulem, terop, tendha, dekorasi, sound system, bala pecah, foto, video shooting, pranatacara kabeh wis ana sing nyanggemi. Kaya-kaya entuk pitulungan-Ne Gusti kabeh teka dhewe lan sarwa gampang. Rumangsaku kabeh rancangan lumaku rancag, tanpa rubeda. Tak ajap bias mlaku kanthi lancar.”

Drajad             :” Amiin, muga-muga kaya idham-idhaman panjenengan kuwi. Ning isih kurang siji, mas.”
Pak Bagyo       :” Apa?”
Drajad             :” Hiburan. Mosok ora nganggo hiburan, jeneh nyenyet.”
Pak Bagyp       :” Lha piye apike?”
Drajad             :” Yen manut pamrayogaku, kanggo ngluhurake panjenengan, becike kudu ana tanggapan, wayang, klenengan, apa campursari. Sumangga kersa.”
Pak Bagyo       :” Yen dhalang sing larang kuwi tekan pira?”
Drajad             :” Telung puluh lima yuta tekan patang puluh yuta entuk dhalang taraf nasional.”
Pak Bagyo       :” Kuwi ya Dhuwit kabeh?”
Drajad             :” Iya ta, Mas. Ning panjenengan kudu ngerti yen nanggap wayang iku klebu dana rasa. Iku mono klebu ngibadah, jalaran nindakake ngamal kebecikan mring sepadha-padha lan gedhe ganjarane, kaya pangandikane Raden Ngabehi Mujiman, Maha Guru Padhepokan Sabda Tunggal Tanpa Rapal kae.”
Pak Bagyo       :” Wis yen ngono bab golek dhalang iku dak pasrahake marang sliramu, butuh panjer opo ora?”
Drajad             :” Panjer sethithik wis mlaku mas.”
Pak Bagyo       :” Nyoh iki dak sangoni limang yuta kanggo panjer. Kanggo lakumu ya cukup satus ewu wae. Cukup ta?”
Drajad             :” Aja kuwatir Mas. Pokoke sampeyan weruh beres.”

Pak Bagyo wis nyicil ayem, kabeh kebutuhan kanggo pahargyan wis ana sing nyanggupi.
Nalika pirembugan karo bojone, Pak Bagyo nyritakake sekabehe. Nadyan ana rasa was sumelang, Bu Bagyo ora protes.


Tema                       :”
Paraga lan Watake :      -Pak Bagyo    : Manutan, penak di aruh aruhi
                                          -Yu Jinem   : Pinter ngaruh-ngaruhi
                                          -Surbakti     : Pinter ngaruh-ngaruhi
                                          -Drajad       : Pinter ngaruh-ngaruhi
Latar                         : Omah Pak Bagyo
Alur                          : Maju
Amanat                    : Dadi uwong iku aja sok gampang percaya marang wong sing durung kenal                            
                                     ben ora gampang di apusi



TUGAS KELOMPOK BAHASA JAWA

Nama : -Khusnia Alfi Hidayah (13)
             -Lovy Ladya Anggerlya (15)
Kelas : XII IPA 5












Post a Comment