Sawise Padha Tuwa ( Cerkak Bahasa Jawa )

Sawise Padha Tuwa

BAGIAN 1

SURYADI          : “ Nuwun sewu, bu, menapa panjenengan menika mbak Rahayu rumiyen ?.”
LESTAR            I           : “ Mirip sanget nggih, Mas ?, menapa panjenengan rencangipun ?.”
SURYADI          : “ Inggih. Tunggal klas ngantos nem tahun, ing SMP lan SMA.”
LESTARI           : “ Kathah ingkang klentu, nginten bilih kula menika Mbak Rahayu. Kula
                              Menika adhikipun, nami kula Lestari.”
SURYADI          : “Oh. Alhamdulillah, bisa ketemu adhike Mbak Rahayu.Tepangaken, nami
                              Kula Suryadi. Dospundi kabare Mbak Rahayu, taksih sehat ta ?.”
LESTARI           : “ Taksih sehat lan taksih ketingal seger saliranipun. Rumiyin akrab kaliyan
                              Mbakyu, kula nggih, mas ?,Engko gek malah pacare ?.”
SURYADI          : “ Upama pacare ya genah pacar patah hati, nyatane ora sida dadi bojone.”
LESTARI           : “ Mas, saestu nggih, panjenengan sambangi mbakyu, nggo tambah
                              Kangen. Ben ora nglanjut kasepen.”
SURYADI          : “ Insaya Alloh, dhik Lestari.”


BAGIAN 2

RAHAYU          : “ Dhik, bakale awake dhewe pisah, lan ora ketemu maneh.”
SURYADI          : “ Kena apa, Mbak ?.”
RAHAYU          : “ Klas mu beda karo aku, Dhik. Aku mung ana PGSLP, dhuwur-dhuwur
Dadi guru SMP.Sedheng adhik bakal dadi insinyur, besok dadi dosen ing universitas, jumbuh karo cita-cita mu.”
SURYADI          : “ Mbak, tolehen sing wis padha dilakoni. Nem taun lawase awake dhewe
Amor saklas, wiwit mlebu SMP nganti lulus SMA, tansah rukun runtung-runtung kaya Sedulur. Sesuk sawisi kepeksa pisah sekolahe, dak jaluk ora pisah atine. Mbak, lakonana ana SGSLP kanthi tekun, lan besuk lakonana dadi guru kanthi manteb. Aku ya dak nglakoni ing
Ing Fakultas kanthi manteb. Mbesuk yen aku kelakon dadi dosen, kowe bakal dak goleki ngati ketemu. Mung aku ragu-ragu.
 “ Mbak gelem ngenteni aku apa ora.”
RAHAYU          :  “ Yen gelem?”takone.
SURYADI          :  “ Yen gelem ngenteni aku, besuk sawise bali ketemu, aku ora kepingin pisah maneh.”
RAHAYU          : “ Maksud mu apa, Dhik?”
SURYADI          : “ Maksudku ya....dadi sak omah, ora pisah-pisah maneh. Iku nek Mbak ora kabotan.”
RAHAYU          : “ Dhik, aku, janji, dak enteni nganti kowe teka ngggoleki aku.”
SURYADI          : “ Aku uga janji, Mbak, bakal dak goleki nganti ketemu, ing endi wae papanmu.”

BAGIAN 3

RAHAYU          : “ Adhiku wingi crita yen ketemu sliramu ana ngebisan.”
SURYADI          : “ Apa dhik Lestari ngerti lelakone awake dhewe?”
RAHAYU          : “ Pancen dak critani. Sedulurku ya mung siji thil iku. Nalika aku dadi guru anyaran ing Purbalingga, wong tuwaku seda,. Adhiku lagi lulus SD. Terus dak gawa mrana, dak sekolahe nganti dadi guru. Gandheng wong tuwa wis ora ana, aku arang-arang bali mrene. Sajake ya iku sing njalari awake dhewe ora bisa ketemu. Lha lelakonnmu kepriye, dhik?.”
SURYADI          : “ O alah, Mbak,nganti pepes atiku anggonku nggoleki sliramu,”tembungku mungkasi critaku.”Nganti dadi jaka tuwa. Sidane rabi wong liya, anak-anak siji thil. Bojoku wis mati sepuluh taun kepungkur.”
RAHAYU          : “ Aku ya nggoleki, Dhik. Takon-takon kancamu kuliah ing pertanian, jare Adhik mung setengah taun terus mundur lan padha ora ngerti kabarmu. Dak goleki nyang omahmu ing Jonggrangan kae, jebul wis dienggoni wong liya. Bisaku mug ngenteni mbak menawa adhik teko. Nganti ing taun wolung puluh aku kepeksa omah-omah sebab umurku wis meh telung puluh taun. Nanging kurang begja, Dhik. Lagi sepuluh taun olehku omah-omah, bojoku mati, ninggal anak siji. Adhiku ngoyak-oyak supaya aku omah-omah maneh, arep dientukake kancane guru sing wis dhudha. Ya nalika iku aku crita yen satemene ana priya sing dak enteni. Nanging nganti wis pensiun jebul tetep ora teka.”
SURYADI          : “ Nanging saiki aku teka, Mbak.”ucapku.
RAHAYU          : “ Wis kasep, Dhik.”
SURYADI          : “ Slirahmu isin ayu, Mbak.”
RAHAYU          : “ Wis tuwa, Dhik, ora perlu rayuan gombal.”
SURYADI          : “ Iki dudu rayuan, nanging kanyatan. Pasuryanmu isih katon ayu, salira isih sedhet.”
RAHAYU          : “ Nanging tetep wae wis kebacot tuwa, wis pensiun.”
SURYADI          : “ Dadi mbak wis ora seneng aku teka ing kene ?”
RAHAYU          : “ Aku bungah banget bisa ketemu maneh karo adhik. Nanging mandhega dadi sedulur wae, ora perlu dadi bojo. Wong wis tuwa arep ngapa.”
                        “ Dhuh Gusti. Puluhan taun dak enteni, bisa ketemu jebul wis kebacut tuwa. Oalah dhik, kena apa kudu mengkene lelakone awake dhewe.”
SURYADI          : “ Mbak, kanyatane awake dhewe isih diparingi urip. Tegese isih wajib nglakoni urip iku anut kodrate.”
RAHAYU          : “ Kodrate wong wis tuwa ngene iki mung kudu leren, Dhik. Wis lalu mangsa, wis lembek gregeting asmara.”
SURYADI          : ” Bojo iku fungsine ora mung dadi kekasih kanggo ngesokake rasa asmara, Mbak. Bojo iku uga kanco urip, kanggo ngancani yen ana sanggan kang kudu diangkat, yen ana reruwet kang kudu di udhari, yen ana mules ngelune kang kudu diusadani, yen ana kasedhihan kang kudu diwadulake. Bojo ku uga ahli waris kang kudu tanggungjawab yen ana perkara, genti-genti makili ing bab hak lan kewajiban ing tengahing bebrayan.”
RAHAYU          : “ Iku bener kabeh. Nanging aku wis kebacut pakewuh, dhik. Pakewuh karo tangga teparo, kanca-kanca, luwih-luwih karo anakku. Mundhak diunekake gaplek pringkilan, wis tuwek pethakilan.”
SURYADI          : “ Aku ngerti mbak. Ya wis, ayo manjing dadi dulur wae. Nanging aku wis
Netepi janji ku mbak, nggoleki kowe nganti ketemu.”



BAGIAN  4

SURYADI          : “ Ing kene iki, patang puluh taun kepungkur, aku ngiket janji karo mbak
Rahayu.”
RAHAYU          : “ Kok nglamun?” aloke karo mesem ngujiwat.”
SURYADI          : “ Wektu iki bisaku mung nglamun, Mbak.” Jawabku.
RAHAYU          : “ Kok ono kene olehe nglamun ?”
SURYADI          : “ Iki papan sing paling endah ing urip ke.”saurku.” Nanging uga paling ngenes ing uripku.”
RAHAYU          : “ Ngenese diilangi wae, wong bagus,”ucape tutung arum.” Aku njalok ngapura, gunemku wingi tetela kleru.”
SURYADI          : “ Mbak ora kleru, lan ora ana sing kudu diapura.”
RAHAYU          : “ Aku wis kleru kok, dhik,”saure.
SURYADI          : “ Sing nglerokakae sapa, mbak? Aku ora...”
RAHAYU          : “ Sing nglerokakae anakku,”saute munggel gunemku.
SURYADI          : “ Aku ora ngerti kersamu, Mbak.”
RAHAYU          : “ Sapungkurmu kae, dhik lestari crita marang anakku ngenani patemone awakke dhewe. Kontan wae anakku mulih. Aku disalahake anggonku nulak tekamu. Ngene tembunge : “ Ibu ki piye? Patang puluh taun ngantu antu ngenteni, barang teko tenankok ditulak. Bene ibu wis tuwa, nanging ibu isih butuh kanca lan kulawarga. Aku uga isih kepingin duwe bapak lan duwe sedulur, nadyan mun sedulur sambungan. Aku janji bu, bakal dak rengkuh kaya bapak lan sedulur kadhung.”
SURYADI          : “ Dadi...kepriye awake dhewe iki, mbak?”takonku.
RAHAYU          : “ Lha karepmu piye, kok malah takon aku.”
SURYADI          : “ Mbak, ing papan iki patang puluh taun kepungkur, aku kandha :” Besuk sawise bali ketemu, kepingin tunggal saomah ora pisah-pisah maneh. Saiki pilihen : ana omah ku  apa ana omah mu.”
RAHAYU          : “ Ing omahku wae. Dhik, kowe bali ketemu aku sawise tuwa kaya ngene. Ya adhik isi kersa, sak anane iki gawanen mulih kabeh. Saupama iki sega liwet, kedhukana nganti resik saintipe. Yen iki kolah, cidhukana nganti asat.”
SURYADI          : “ Mbak, kowe sumur sing ora tau asat, nadyan dak timba saben dina dak cidhuki saben bengi.”


Kelompok :  1. ANIS WIGATIANA  ( 05 )
                                  2. EFFA TWINTASARI  ( 10 )

Post a Comment